1,721,029 research outputs found

    KRITIK SOSIAL SAJRONE ANTOLOGI CERKAK DALAN SIDHATAN ANGGITANE WIDODO BASUKI (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

    Full text link
    Antologi cerkak Dalan Sidhatan anggitane Widodo Basuki iki ngandhut babagan kritik sosial. Kritik sosial kang ana sajrone antologi cerkak Dalan Sidhatan iki minangka gambaran saka kauripane manungsa lan uga ngemot piwulang sajrone bebrayan. Tintingan kang slaras kanggo ndhudhah kritik sosial kasebut yaiku teori sosiologi sastra sing diandharake dening Ian Watt. Adhedhasar saka andharan kasebut bisa didudut underane panliten yaiku (1) kepriye kritik sosial tumrap panguwasa sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki? (2) kepriye gegayutane kritik sosial sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki tumrap kahanan bebrayan? (3) kepriye kritik sosial tumrap citrane wanita sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki? Saka underane panliten mau bisa didudut ancase yaiku (1) ngandharake kritik sosial tumrap panguwasa sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki, (2) ngandharake gegayutane kritik sosial sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki tumrap kahanan bebrayan, (3) ngandharake kritik sosial tumrap citrane wanita sajrone antologi cerkak DS anggitane Widodo Basuki.Paedah kang bisa didudut saka panliten iki yaiku dikarepake bisa ngrembaka mligine sastra Jawa modern, lan bisa menehi piwulang urip jalaran ana sesambungane karo prekara-prekara sosial ing ana ing bebrayan. Panliten iki mujudake panliten kualitatif. Sumber dhata lan dhata sajrone panliten iki yaiku antologi cerkak Dalan Sidhatan anggitane Widodo Basuki, sajrone antologi cerkak Dalan Sidhatan ana sepuluh dhata kang digunakake sajrone panliten iki yaiku Siter Panguripan, Dalan Sidhatan, Cungkup ing Tengah Desa, Wong Gemblung, Rembulan Kari Salining, Jenengna Wibisana, Ketiga Ngerak, Lilih Linggar Utama, Guritane Heli, Bali Saka Bali. Sepuluh cerkak kang ana nggayutake kritik sosial tumrap panguwasa, kahanan bebrayan lan citrane wanita. Tata cara nglumpukakae dhata yaiku nggunakake teknik pustaka. Asil panliten nuduhake manawa kritik sosial kang ana sajrone antologi cerkak Dalan Sidhatan ngandharake babagan (1) kritik sosial tumrap panguwasa, kayata politik, korupsi, mblenjani janji, nyogok dhuwit lan tumindak sawiyah-wiyah, (2) kritik sosial tumrap kahanan bebrayan kayata kapitayan marang mitos lan pakaryan kang ala (3) kritik sosial tumrap citrane wanita kayata tumindak sedheng, kadonyan, lan pergaulan bebas. Tembung wigati: panguwasa, korupsi, citrane wanit

    Penggunaan media sosial pada pemenangan Joko Widodo Basuki Tjahaja Purnama pada pilkada DKI Jakarta 2012 (studi atas marketing politik di facebook dan twitter)

    No full text
    Skripsi ini meneliti tentang penggunaan media sosial yaitu facebook dan twitter yang digunakan pasangan Joko Widodo - Basuki Tjahaja Pumama pada pilkada 2012 dan melihat seberapa jauh pengaruh facebook dan twitter pada pemenangan yang diperoleh oleh pasangan tersebut. Tujuan penelitian ini adalah untuk mengetahui bagaimana pasangan Joko Widodo - Basuki Tjahaja Pumama menggunakan facebook dan twitter pada marketing politik yang dijalankan pada pilkada 2012. Penelitian ini dilakukan melalui wawancara dan studi pustaka. Peneliti menemukan, bahwa adanya keefektifitasan marketing politik menggunakan media sosial dan media sosial yang masih jarang digunakan untuk marketing politik akan menjadi hal baru dan bisa dicontoh oleh para kandidat ataupun partai politik yang ikut serta dalam pemilu seperti yang dilakukan oleh pasangan Joko Widodo - Basuki Tjahaja Pumama. Penyelesaian penelitian ini dapat dilihat langsung dari hasil wawancara dengan Basuki Tjahaja Pumama serta admin facebook dan twitter yang se1anjutnya akan dianalisa menggunakan kerangka teori. Kerangka teori yang digunakan dalam skripsi ini adalah marketing politik dan media sosial. Perspektif marketing politik yaitu produk (product), promosi (promotion), harga (price) d.an tempat (place). Produk yaitu pasangan Joko Widodo - Basuki Tjahaja Pumama, promosi melalui tampilan yang ditampilkan di facebook dan twitter. Harga dalam media sosial tidak ada, karena penggunaan media sosial gratis dan siapapun dapat menampilkan apapun yang dikehendaki, tempat yaitu di setiap lemabaran facebook dan twitter pada akun facebook dan twitter yang dijalakan sebagai media marketing politik. Penggunaan media sosial oleh pasangan Joko Widodo - Basuki Tjahaja Pumama dikarenakan tidak inginnya pasangan ini menghabiskan banyak dana dan media sosial dianggap efektif karena menghemat biaya, waktu dan tenaga. Pengaruh media sosial pada pemenangan yang diperoleh pasangan Joko Widodo - Basuki Tjahaja Pumama sangat efektif dinilai oleh timsukses dari pasangan tersebut. Karena hampir sebagian besar marketing politik yang dijalankan pasangan tersebut pada pilkada 2012 yaitu dengan menggunakan media sosial

    Landheping Rasa Pangrasa lan Endahing Basa sajrone Antologi Geguritan “Medhitasi Alang-alang” Anggitane Widodo Basuki (Tintingan Aspek Religiusitas lan Stilistik)

    No full text
    Abstrak Geguritan kang ditulis dening Widodo Basuki sajrone AGMAA ngandhut tema sosial lan ana saperangan kang ngemot tema religius. Sajrone geguritan-geguritan kuwi bisa kagambarake uripe manungsa ing bebrayan sosial lan sumirate bab religiusitas sajrone mobah mosiking urip. Geguritan nduweni struktur wewangune kang sinebut struktur batin. Saliyane iku, tembung-tembung sajrone geguritan kang trep lan endah minangka wakil saka pangrasane panggurit. Kanggo mujudake bab mau, Widodo  Basuki migunakake pamilihing tembung lan lelewaning basa kang maneka werna. Adhedhasar lelandhesan panliten mau, mula bisa didudut underane panliten, yaiku: (1) kepriye wujud aspek sosio-religius sajrone geguritan sajrone AGMAA anggitane Widodo Basuki?, (2) kepriye wujud struktur batine geguritan-geguritan sajrone AGMAA?, (3) kepriye wujud panggunane basa puitik sajrone AGMAA? Metode panliten kang digunakake sajrone panliten iki, yaiku metode analisis isi. Metode analisis isi yaiku metode kang nduweni sesambungan karo isi komunikasi, mligine verbal kang awujud basa lan nonverbal. Metode analisis isi sajrone karya sastra, bisa dilakoni kanggo nliti gaya tulisane pangripta. Dhata kang digunakake sajrone panliten iki, awujud tembung, frasa, klausa, lan ukara sajrone AGMAA anggitane Widodo Basuki. Asiling panliten nuduhake yen geguritan-geguritan kang wis dipilih banjur digayutake karo sistem religiusitase masyarakat Jawa kang ngutamakake filosofi Jawa sajrone panguripane. Filosofi Jawa kang dadi pathokan uripe manungsa ana rong aspek, yaiku aspek kasadharane manungsa marang Pengeran lan aspek kasadharane manungsa marang jagad gumelar. Bab pamilihing tembung, panggurit luwih migunakake tembung-tembung kang dianggep arang digunakake dening masyarakat umume. Panggurit migunake tembung-tembung kang trep kanggo nggambarake sawijining kahanan, swasana, uga kadadeyan-kadadeyan kang dumadi sajrone geguritan-geguritan kasebut. Panggunane lelewane basa sajrone geguritan nduweni tujuwan kanggo nambah unsur-unsur kaendahan uga kanggo nggambarake sawijining makna sajrone geguritan. Panliten bab kang wis kaandharake mau, prelu dianakake maneh kanthi tumemen, supaya bisa ngasilake sawijining panliten kanthi tintingan kang luwih apik, cetha, lan trep.   Tembung wigati: Religiusitas, stilistika, lelewane basa, lan pamilihe tembung

    Purik Sajrone Cerbung Omah Anggitane Widodo Basuki (Tintingan Sosiologi Sastra)

    Full text link
    PURIK SAJRONE CERBUNG OMAH ANGGITANE WIDODO BASUKI (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA) Nabella Intan Permatasari, Drs. Bambang Purnomo, M.S Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya [email protected] Abstrak Cerita sambung Omah anggitane Widodo Basuki nyritakake lelakone Rahina, guru honorer ing sawijining SD swasta, kang manggon neng omah kontrakan. Rahina kepengin duwe omah dhewe, banjur dheweke golek samben kanggo nyukupi kebutuhane, nganti direwangi dadi makelar. Pepenginane Rahina kuwi nuwuhake perkara ing bale wismane nganti njalari purike paraga wanita. Adhedhasar landhesan panliten kasebut, underane panliten iki yaiku; 1) kepriye paraga lan pamaragan ing cerbung Omah; 2) kepriye gegambaran purik sajrone cerbung Omah lan 3) kepriye gegayutane purik ing cerbung Omah karo kanyatan ing bebrayan. Adhedhasar underane panliten kasebut, mula tujuwane panliten yaiku; 1) ngandharake paraga lan pamaragan ing cerbung Omah; 2) ngandharake gegambaran purik sajrone cerbung Omah lan 3) ngandharake gegayutane purik ing cerbung Omah karo kanyatan ing bebrayan. Saka andharan mau, cerbung Omah cocog yen dianalisis nganggo tintingan Sosiologi Sastra.  Panliten iki kalebu panliten deskriptif kualitatif. Sumber dhata arupa dhata primer lan dhata sekunder. Dhata primer arupa cerbung Omah lan dhata sekunder arupa buku literatur lan artikel-artikel saka koran lan internet. Tata cara sajrone nglumpukake dhata nggunakake metode kapustakan sarta teknik maca lan nyathet. Panliten uga iki nggunakake teknik analisis deskriptif. Asile panliten kapisan ngenani paraga lan pamaragan. Paraga utama ana telu yaiku Rahina, Andarini lan Suryarini. Paraga liyane dadi paraga tambahan. Teknik panggambaraning paraga kanthi teknik analitik lan teknik dramatik. Underan kapindho ngenani gegambaran purik sajrone cerbung Omah kang diperang dadi telu ing antarane; 1) wujude purik kang bisa diperang dadi lunga mung ninggal pesen lan lunga nggawa anak; 2) pawadane tumindak purik diperang dadi telu yaiku butarepan, kurange kawigaten, lan lara ati klawan tumindake sisihane. Saka pawadan-pawadan tumindak purik kuwi bisa nuwuhake rasa mutunge wanita, nesu lan sengol; 3) cara ngrampungake perkara purik ana telu yaiku kanthi cara menehi pangerten, mapag lan sadhar. Dene underan sing pungkasan yaiku gegayutane purik ing cerbung Omah lan kanyatan ing bebrayan ana loro. Bab iku bisa dideleng saka; 1) pawadane tumindak purike wanita sajrone cerbung Omah lan kanyatan ing bebrayan; 2) cara ngrampungake perkara purik wanita sajrone cerbung Omah lan kanyatan ing bebrayan. Saka rong perangan mau pranyata pawadan lan cara mungkasi perkara purik sajrone cerbung Omah lan sing ana ing kanyatan bebrayan nduweni bab sing meh padha

    WUJUD METAFORIS SAJRONE KUMPULANGEGURITANBOCAH CILIK DIUBER SRENGENGEANGGITANEWIDODOBASUKI

    Full text link
    Wujud Metaforis Sajrone Kumpulan Geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge 1 W UJUD METAFORIS SAJRONE KUMPULAN GEGURITAN BOCAH CILIK DIUBER SRENGENGE ANGGITANE WIDODO BASUKI Yoga Anggorina Kukuh Kurniawan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah FBS Universitas Negeri Surabaya ( [email protected] ) Darni Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah FBS Universitas Negeri Surabaya Abstrak Saben panggurit ndhuweni tata cara lan kekhasan dhewe - dhewe anggone medharake gagasane. Kabeh mau gumantung saka asil kreativitas anggone olah basa. Widodo Basuki minangka panggurit kang produktif, wis kasil ngripta guritan - guritan kanthi cara metafora kan g khas, yaiku kanthi cara inkonvensional. Ancase panliten iki ing antarane, ngandharake wujude makna metaforis kang durung umum (inkonvensional) sajrone sesambungane (1) manungsa lan Gusti, (2) manungsa lan manungsa, (3) manungsa lan lingkungan, lan (4) ma nungsa lan kapribadene ing kumpulan geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge anggitane Widodo Basuki. Paedahe panliten iki, bisa mundhakake kawruh ngenani karya sastra Jawa mligine guritan, sarta menehi sumbang sih tumrap pangrembakaning teori kasusastran Ja wa. Panliten iki kagolong panliten kuwalitatif kang ngandharake babagan kang gegayutan kalawan makna metaforis kanthi nggunakake tintingan stilistika. Data panliten iki yaiku guritan - guritan ing kumpulan geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge anggitane Wid odo Basuki kang ngemu perkara sesambungane manungsa kang diwedharake kanthi cara metafora. Guritan kang kapilih banjur dionceki siji mbaka siji adhedhasar sesambungane manungsa lan nggunkake metafora inkonvensional, yaiku metafora kang durung umum. Anane n ggunakake metafora inkonvensional supaya bisa mangerteni ke - khas - an kang diduweni dening Widodo Basuki minangka panggurit. Sajrone Kumpulan Geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge, Widodo Basuki luwih akeh nerangake sesambungane manungsa lan Gusti, tinimban g sesambungane manungsa lan liyane. Anggone medhar guritan - guritane mau, Widodo Basuki akeh - akeh nggunakake metafora inkonvensional kang nuwuhake makna anyar utawa teges entar. Lumantar pamilihing tembung lan pangrakite tembung kang kebak kalawan pepaesang basa kang ora umum, uga kebak kalawan lelewane basa kang tansah ngrenggani sajrone guritane, pranyata saya nambahi kaendahan tumrap karya - karyane kang awujud guritan iku mau. Tembung Wigati: metaforis inkonvensional, sesambungane manungsa

    Mitos Lan Mistis Sajroning Crita Silat Dredah Ing Padhepokan Sukma Ilang Anggitane Widodo Basuki

    Full text link
    MITOS LAN MISTIS SAJRONING CRITA SILAT DREDAH ING PADHEPOKAN SUKMA ILANG ANGGITANE WIDODO BASUKI Alfiatus Solikhah, Dra Sri Sulistiani, M.Pd Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya [email protected] Abstrak   Crita silat Dredah Ing Padhepokan Sukma Ilanganggitane Widodo Basukinyritakake paraga Jayakusuma minangka pemudha sing maguru ing Padhepokan Sukma Ilang. Kanthi kasektene, Jayakusuma bisa numpes angkara murka kang ditindakake paraga Glugut Bumi kang gawe dredah. Kabeh lakune crita ora bisa uwal saka anane mitos lan mistik kang gegayutan karo panguripane masyarakat Jawa. Adhedhasar lelandhesan panliten kasebut, tujuwane panliten iki yaiku(1) Njlentrehake wujud wangunaning carita sajrone crita silat DIPSI,(2) Njlentrehake wujud mitos kang dipercaya dening masyarakat sajrone crita silat kasebut, lan (3) Njlentrehake wujud mistis kang ngrembaka sajrone crita silat kasebut. Ancangan panliten iki nggunakake metode deskriptif kualitatif amrih bisa menehi gambaran kang gamblang lan objektif ngenani mitos lan mistis sajrone crita silat DIPSI. Sumber data sajrone panliten iki yaiku crita silat kanthi irah-irahanDredah ing Padhepokan Sukma Ilang angggitane Widodo Basukiditerbitake dening Penerbit Paramarta taun 2013. Teori kang digunakake minangka landhesan kanggo mawas prakara-prakara mau yaiku tintingan antropologi sastra kang diandharake dening Ratna. Data-data kang digunakake sajrone panliten arupa tembung-tembung, ukara, lan wacana kang ana ing sajrone DIPSI mligine kang nggambarake wujude carita, mitos, lan mistis. Tata cara panglumpuking data sajrone panliten iki nggunakake teknik pustaka lan wawancara. Asile panliten iki bisa didudut telung bab kang laras karo underane panliten. (1) Wujud wangunaning carita sajrone crita silat ditintingi saka paraga lan pamaragan, lan tema. Ora kabeh paraga kang dirembug, nanging kapilih enem paraga kang luwih asring dikatonake ing saben babak carita lan dadi punjere prakara. Sabanjure ngenani tema dibedakake dadi loro miturut jinise, yaiku tema mayor lan tema minor. Tema mayor kang kinandhut yaiku tema  masyarakat Jawa ora bisa uwal saka anane mitos. Dene tema minor ana lima, yaiku tema katresnan sejati, tema panguripane masyarakat padesan, tema pangurbanan, tema kasetyan, lan tema kawicaksanan. (2) Wujud mitos kang dipercaya dening masyarakat sajrone crita silat DIPSI ana papat, yaiku percaya marang petilasan (petilasane Celeng Srenggi, lan Guwa Gambir), sirikan, dina becik kanggo nindakake pakaryan, lan percaya marang pralambang impen. (3) Wujud mistis kang ngrembaka sajrone crita silat DIPSI bisa kawawas kanthi anane: asung sesaji kanggo ngurmati para leluhur, kedadeyan kang medeni, ilmu gaib kang nuwuhake kasekten, bangsa alus kang njaga sawijining papan, kesurupan, pusaka minangka samubarang kang nduweni kasekten, semedi bisa nuwuhake katentremaning jiwa langegambaran kasampurnaning urip. Babagan kasebut isih ngrembaka sajrone panguripane masyarakat Jawa, mligine sajrone crita silat DIPSI

    Going Beyond Counting First Authors in Author Co-citation Analysis

    Full text link
    The present study examines one of the fundamental aspects of author co-citation analysis (ACA) - the way co-citation counts are defined. Co-citation counting provides the data on which all subsequent statistical analyses and mappings are based, and we compare ACA results based on two different types of co-citation counting - the traditional type that only counts the first one among a cited work's authors on the one hand and a non-traditional type that takes into account the first 5 authors of a cited work on the other hand. Results indicate that the picture produced through this non-traditional author co-citation counting contains more coherent author groups and is therefore considerably clearer. However, this picture represents fewer specialties in the research field being studied than that produced through the traditional first-author co-citation counting when the same number of top-ranked authors is selected and analyzed. Reasons for these effects are discussed

    Variations on the Author

    Full text link
    “Variations on the Author” discusses two of Eduardo Coutinho’s recent films (Um Dia na Vida, from 2010, and Últimas Conversas, posthumously released in 2015) and their contribution to the general question of documentary authorship. The director’s filmography is characterized by a consistent yet self-effacing form of authorial self-inscription: Coutinho often features as an interviewer that rather than express opinions propels discourses; an interviewer that is good at listening. This mode of self-inscription characterizes him as an author who is not expressive but who is nonetheless markedly present on the screen. In Um Dia na Vida, however, Coutinho is completely absent form the image, while Últimas Conversas, on the contrary, includes a confessional prologue that moves the director from the margins to the center of his films. This article examines the ways in which these works stand out in the filmography of a director who offers new insights into the notion of cinematic authorship

    Appropriate Similarity Measures for Author Cocitation Analysis

    Full text link
    We provide a number of new insights into the methodological discussion about author cocitation analysis. We first argue that the use of the Pearson correlation for measuring the similarity between authors’ cocitation profiles is not very satisfactory. We then discuss what kind of similarity measures may be used as an alternative to the Pearson correlation. We consider three similarity measures in particular. One is the well-known cosine. The other two similarity measures have not been used before in the bibliometric literature. Finally, we show by means of an example that our findings have a high practical relevance.information science;Pearson correlation;cosine;similarity measure;author cocitation analysis
    corecore