4 research outputs found

    WUJUD LAN ISI CRITA NABI MUSA ING SERAT AMBYA (Tintingan Filologi)

    No full text
    RESPATI RETNO UTAMI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA [email protected] Abstrak Naskah iku tulisan tangan kang nyimpen sawernaning pamikiran lan rasa pangrasa minangka asiling budaya bangsa jaman biyen. Naskah minangka sawijining karya sastra kang arupa sastra tulis ngemot perangan-perangane kabudayan Hindu, Budha, Islam, Kristen, lan uga budaya asing. Budaya-budaya kasebut campur bawur dadi siji nyawiji dadi sawijining gegambaraning kahanan sosial budaya kang ana ing jamane dhewe-dhewe. Naskah Serat Ambya iki minangka serat kang narik kawigaten kanggo ditliti, amarga mujudake serat kang nyritakake babagan Nabi kang adedhasar Kitab Suci. Naskah kasebut dianggep minangka Kitab kang sakral lan ngandhut pitutur luhur kaya dene Al Qur’an. Gegayutan karo andharan mau underaning panliten iki yaiku: (1) Kepriye andharan ngenani Serat Ambya, (2) Kepriye suntingan teks sajrone Serat Ambya mligine episode Nabi Musa, (3) Kepriye struktur naratif sajrone Serat Ambya, (4) Kepriye nilai filosofis kang kinandhut jroning episode Nabi Musa. Adhedhasar underaning panliten kadudut ancasing panliten kaya mengkene: (1) Ngandharake deskripsi naskah Serat Ambya, (2) Ngandharake suntingan teks sajrone Serat Ambya mligine episode Nabi Musa, (3) Ngandharake struktur naratif sajrone Serat Ambya, (4) Ngandharake nilai filosofis kang kinandhut sajrone episode Nabi Musa. Panliten iki diajab bisa menehi paedah, paedah panliten iki kaperang dadi loro yaiku: (1) Paedah Teoritis ing panliten iki yaiku supaya menehi sumbangsing marang teori filsafat kang dicakake jroning karya sastra lawas. Saliyane iku uga mbuktekake yen antarane teori filsafat lan teori sastra pancen nduweni gayutan kang raket. (2) Paedah Praktis ing panliten iki yaiku paedah kang dirasakake dening panliti, pamaos, lan masyarakat kang bisa ndudut nilai lan pitutur becik kang kinandhut sajrone Serat Ambya kasebut. Metode kang digunakake ing panliten iki ana telu, yaiku metode deskriptif kualitatif, metode heuristik, lan kang pungkasan metode hermeneutika. Metode kang dicakake ing panliten iki ana telu amarga teori kang digunakake kanggo mbedhah karya sastra lawas iki ana papat yaiku filologi, filsafat, lan teori struktur lan hermeneutik. Metode deskriptif kualitatif digunakake kanggo ndeskripsikake kepriye wujude NSA kasebut. Metode heuristik digunakake kanggo nindakake kagiyatan maca supaya bisa nemtokake isine NSA. Banjur kang pungkasan metode hermeneutika digunakake kanggo nafsirake nilai filosofis kang kinandhut jroning simbol-simbol ing NSA mligine episode crita Nabi Musa. Asiling panliten bisa didudut telung perangan lan laras karo underaning panliten. Dudutan kapisan pranyata Serat Ambya kasebut nduweni katrangan kang jangkep ngenani identitas naskah, jinising tulisan naskah apik, cacahe kacane naskah iku jangkep, lan basane naskah nggunakake basa jawa anyar kang bisa dimangerteni kanthi cetha. Dudutan kang kaping pindho ngenani suntingan teks, kesalahan kang dumadi ing naskah kasebut ora akeh, mung kesalahan ing bab kaidah panulisan lawas kang wis beda karo kaidah panulisan jaman saiki. Paugerane tembang umume wis laras karo paugeran kang trep, amarga Naskah kasebut wis awujud gubahan saka naskah pesisiran menyang naskah kraton. Dudutan kang kaping telu ngenani struktur naratif NSA kaperang jroning episode crita wiwit Nabi Adam nganti tumeka Nabi Muhammad lan uga Prabu Jayabaya. Saben episode-episode ing crita kasebut kaperang maneh menyang sekuen-sekuen kang ngandharake tema-tema saben episode. Dudutan kang kaping pungkasan ngenani nilai filosofis kang kinandhut jroning pitung simbol kang tinemu ing episode crita Nabi Musa. Nilai-nilai kasebut yaiku; (1) nilai filosofise wong sabar (2) nilai filosofise percaya yen kabecikan tansah menang (3) nilai filosofise ngucap syukur (4) nilai filosofise bekti marang wong tuwa (5) nilai filosofise kadurjanan bakale tansah konangan (6) nilai filosofise upaya kanggo nyinaoni ngelmu gaib (7) nilai filosofise nampa kematian. Nilai kasebut kang kudu dituladhani dening para pamaos kang gelem ngrenungake samubarang kang sinurat lan sumirat saben tetembungan kang karonce jroning karya sastra

    Interpretasi simbol cinta sejati sebagai syarat mencapai keutuhan rumah tangga dalam Serat Damarwulan

    No full text
    Interpretasi Simbol Cinta Sejati sebagai Syarat Mencapai Keutuhan Rumah Tangga dalam Serat Damarwulan. Serat Damarwulan merupakan naskah yang berisikan tentang perjuangan Ratu Kencana Wungu dan Damarwulan untuk mengembalikan situasi politik di Majapahit akibat pemberontakan yang dilakukan oleh Menak Jingga. Selain itu sosok Damarwulan dalam serat tersebut digambarkan memiliki kharisma dan ketampanan yang menawan sehingga banyak sekali wanita yang hadir membantu upayanya membunuh Menak Jingga. Meskipun begitu, hanya seorang wanita bernama Anjasmara yang merupakan cinta sejatinya. Hal yang akan menjadi topik penelitian ini bukan dari sisi politik namun dari sisi kisah cinta sejati yang dialami oleh tokoh Damarwulan. Penelitian ini berusaha mengungkap simbol cinta sejati berdasarkan segitiga cinta yang berisi tentang gairah, keintiman, dan komitmen sebagai syarat terbentuknya cinta sejati. Cinta sejati tersebut yang menjadi tiang penyangga keutuhan sebuah rumah tangga. Hal tersebut yang akan dikupas tuntas dalam penelitian ini. Penelitian ini menggunakan metode kualitatif. Teori yang digunakan dalam penelitian ini adalah teori filologi untuk menganalisis naskah Damarwulan ini, kemudian teks Damarwulan dikupas menggunakan teori semiotik. Hasil penelitian ini adalah konsep cinta sejati dalam serat Damarwulan dan wujud simbol cinta sejati sebagai syarat keutuhan rumah tangga. Kata kunci: simbol, cinta sejati, keutuhan rumah tangg

    Lelewaning Basa Katresnan wonten ing Serat Damarwulan (Kajian Etnolinguistik)

    No full text
    Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken katrangan bab Serat Damarwulan saha suntingan teks Serat Damarwulan. Panaliten menika ugi badhe ngandharaken lelewaning basa katresnanipun Damarwulan saha garwanipun wonten ing Serat Damarwulan adedhasar kajian etnolinguistik. Panaliten menika kalebet panaliten kualitatif (qualitative research). Trap-trapanipun ngempalaken data wonten ing panaliten kualitatif menika wonten tiga inggih menika; teknik inventarisasi naskah, teknik pustaka, saha teknik open coding. Serat Damarwulan ingkang dipunserat mawi aksara pegon menika dipuntintingi mawi teori filologi sahingga saged mangertosi kahananipun naskah saha data ingkang gampil dipunwaos. Teknik analisis utawi panintingipun data menika dipunperang dados sekawan inggih menika; reduksi data, klasifikasi data, display data, saha damel penafsiran saha interpretasi. Data ingkang sampun dipunpilah-pilah adedhasar lelewaning basa katresnanipun Damarwulan kaliyan garwanipun menika saged dipunmaknani ngginakaken teori etnolinguistik. Asilipun panaliten menika wonten enem, inggih menika; 1) Ngandharaken deskripsi naskah Serat Damarwulan; 2) Ngandharaken transliterasi naskah Serat Damarwulan; 3) Ngandharaken suntingan teks naskah Serat Damarwulan; 4) Ngandharaken wujud lelewaning basa katresnan jati wonten ing Serat Damarwulan; 5) Ngandharaken wujud lelewaning basa katresnan balas jasa wonten ing Serat Damarwulan; 6) Ngandharaken analisis lelewaning basa katresnanipun Damarwulan kaliyan garwanipun ngginakaken teori etnolinguistik. Lelewaning basa katresnanipun Damarwulan kaliyan garwanipun dipunandharaken lumantar kalih wujud inggih menika panyandra saha wangsalan. Lelewaning basa wonten ing Serat Damarwulan menika nggambaraken katresnan jati saha katresnan amargi balas jasa. Panyandra saha wangsalan menika ugi ngandhut piwucal bab wanita utama. Wanita utama menika ketingal saking paraga Anjasmara ingkang tansah sabar, lila legawa, saha bekti marang garwanipun. Ratu Kencana Wungu ugi dados paraga utama wanita ingkang nggadhahi kalenggahan ingkang istimewa inggih menika simbol kuwasa wanita Jawi. Wanita wonten ing Serat Damarwulan menika boten namung dados kanca wingking ananging nggadhahi kalenggahan istimewa minangka garwa

    MAKNA PURWAKANTHI ADIGANG ADIGUNG ADIGUNA DAN PENGIMPLEMENTASIANNYA DALAM KEHIDUPAN POLITIK

    No full text
    Masalah-masalah politik yang terjadi di dalam pemerintahan merupakan masalah yang sudah menjadi rahasia umum. Karakter yang baik dari orang yang menduduki jabatan dalam dunia politik sangat dibutuhkan dalam menjalankan pemerintahan. Hal ini dihubungkan dengan purwakanthi Adigang Adigung Adiguna yang bermakna jangan menyombongkan keberanian, kekuatan, dan kepandaian. Untuk mencapai tujuan dibuatnya artikel ini, maka penulis merumuskan masalah sebagai berikut: Bagaimana konsep purwakanthi adigang adigung adiguna dalam serat Wulang Reh? dan Bagaimana pengimplementasian purwakanthi adigang adigung adiguna terhadap kehidupan politik?. Artikel penelitian ini menggunakan teori pragmatik dimana pendekatan yang memandang makna karya sastra ditentukan olek publik pembacanya selaku karya sastra.  Penelitian ini menggunakan pendekatan deskriptif kualitatif, yaitu strategi inkuiri yang mengutamakan pencarian konsep, makna, pemahaman, gejala, deskripsi, dan simbol suatu fenomena. Ini bersifat multimetode, terfokus, alami, dan holistik, mengutamakan kualitas, menggunakan beragam metode, dan disajikan secara naratif. Makalah penelitian ini menggunakan metodologi studi kepustakaan untuk pengumpulan data, sedangkan pendekatan analisis isi digunakan untuk analisis data
    corecore